(Versi Jawa)

Tembang “Jogja”
                Ngayogyakarta Hadiningrat. Sinten cobi ingkang mboten ngertos? Ngayogyakarta mlebet salah satunggaling kitha ageng wonten Indonesia, saksanesipun Jakarta, Surabaya, kaliyan Bali. Ngayogyakarta utawi wonten ing Basa Indonesia kasebat “Yogyakarta” sakmenika ngalami kathah perubahan. Awit saking kabudayan kaliyan basa ingkang sampun campur amargi globalisasi ngantos tata kota ingkang dados sangsoyo modern. Sakmenika Kitha Yogyakarta ingkang adat sabenipun dipunsebat “Yogya” katon kapeksa familier dipunsebat “Jogja”.
….
Ngayogjakarta, kuthane aman, berhati nyaman
kota seniman, kota pelajar, lan kabudayan
….
(Geng Kobra _Ngajogjakarta)
                Ngayogyakarta anggadahi semboyan “Yogyakata berhati nyaman” ngabuktekaken kersonipun tiyang Yogya kangge mujudaken kitha ingkang aman kangge warganipun piyambak kaliyan nyaman kangge warga pendatang. Menawi predikat kitha pelajar amargi anggadahi citra ingkang becik wonten ing Indonesia bab pendidikan. Wonten mrika kathah sanget sekolah-sekolah kaliyan perguruan tinggi kang bermutu kadosta Gajah Mada, UNY, UIN, UII, kaliyan sapanunggalanipun.
                Predikat liyane inggih menika kitha budaya kaliyan seniman. Budaya kaliyan seni mboten saged dipunpisahaken. Tasih kathah kabudayan asli kang dereng luntur. Wonten mrika kita sedaya saged mirsani padu antaranipun kabudayan tradisional kaliyan kabudayan modern ingkang campur dados setunggal. Menawi kitha seni, ing Ngayogyakarta wonten ISI (Institut Seni Indonesia) kangge para pelajar kang remen kaliyan seni saged sinau wonten mrika. Kathah sanget paguyuban-paguyuban seni kadosta paguyuban teater kaliyan tari ingkang biasa dipunpentasaken ing Taman Budaya Yogyakarta (TBY).
….
oh coba kawan kau dengar ku punya cerita
tempat biasa ku berbagi rasa
suka duka tinggi bersama
di gang gelap di balik ramainya Yogya
….
(Shaggy Dog_Di Sayidan)
Salah satunggaling kabudayan inggih menika “angkringan”. Angkringan inggih menika papan kangge daharan ananging reginipun murah. Pemuda ing Ngayogyakarta ndadosaken angkringan papan kangge kumpul sesarengan kaliyan kancanipun. Wonten paguyuban kang wiwit saking kumpul-kumpul ing angkringan wau. Mboten namung pemuda Yogya, nanging inggih pemuda-pemuda daerah liya kang sinau ing Ngayogyakarta kaliyan kerso mbaur dados warga Yogya.
....
Terhanyut aku akan nostalgi
Saat kita sering luangkan waktu
Nikmati bersama
Suasana Jogja
….
(Kla Project_Yogyakarta)
                Kathah ingkang ngendikan menawi Ngayogyakarta menika “kota kenangan”. Sepisan mawon tau wonten ing Ngayogyakarta mesthi kerso melih. Kitha kang aman kaliyan nyaman kangge urip, wargane kang ramah, kabudayanipun kang tasih kenthel, kaliyan suasanipun kang tentrem ingkang ndamel kapincut kaliyan Ngayogyakarta. Menopo melih bab panganan, wonten gudheg khas Yogya, bakpia, lothek, tahu guling, pecel pincuk, jajan pasar, kaliyan sapanunggalane kang ndamel tambah kesengsem kaliyan Ngayogyakarta.
….
Jogja Jogja, tetap istimewa
istimewa negerinya, istimewa orangnya
Jogja Jogja, tetap istimewa
Jogja istimewa, untuk Indonesia

rungokno iki gotra
seko Ngayogyakarta
negeri paling penak
rasane koyo swargo
ora peduli ndonya dadi neroko
ning kene tansah edipeni lan mardiko
….
(Ki Jarot_Jogja Tetap Istimewa)
                Kalebet salah satunggaling daerah istimewa, amargi pemerintahanipun kabentuk saking Kasultanan Yogyakarta kaliyan Kadipaten Pakualaman.  Awit sakmenika pemerintahan dipunpimpin kaliyan Sri Sultan Hamengku Buwono X saking Kasultanan Yogyakarta kang dados gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta.
                Ngayogyakarta, kitha kang saged ndamel warganipun tansah tentrem kaliyan ayem. Mboten wonten perkara angeng kang saged ndamel kisruh wonten mrika. Sinten mawon kang tau dhateng wonten Ngayogyakarta mesthi langsung kepincut atinipun. Mboten salah menawi wonten ingkang ngendika “Yogya selalu di hati”.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kreatif dengan Koran Bekas

Senyum Minggu Lalu

PART 1 : FIRASAT